Nek ngomongno Surabaya Community (SC), jargon “Seduluran Sampek Matek” iku dudu dodolan abab utawa abang-abang lambe tok. Spirit iku pancen mbalung sumsum ring jero dodo. Lah, bumbu utama sing nggawe prinsip persaudaraan iki iso kokoh lan kraket, yo gak perkoro cangkrukan karo rasan-rasan tok, tapi soko sikap tolong menolong lan welas asih sing nyata. Soko kene lah, lair sing jenenge Banom Blooderhood.
Prinsip Getih Suroboyo: Tetesan Donor, Nyambung Nyowo
Arek Suroboyo iku terkenal gak pelit, opo maneh nek wis urusan nulung wong kesusahan—sampek getih wae yo lilo disumbangno! Nang SC, Blooderhood dadi wadah sing nuduhno beneran lek persaudaraan iku dudu sekadar lambe, tapi dibuktino lewat rutinitas kegiatan donor darah.
Prinsip dasar kegiyatan iki simpel tapi nancep: Sopo ngerti tetesan getih sing mbok sumbangno dino iki, dadi jalaran nyambunge nyowone sedulur liyane. Liwat donor darah rutin iki, Blooderhood gak mung njogo kesehatane anggotane, tapi yo dadi bukti lek kepedulian sosial khas Arek Suroboyo iku panggah mberot lan gak luntur senajan wis urip ring tanah perantauan.
Kolaborasi Mbois: Soko Belajaraya Jakarta Gawe Indonesia
Perjuangan kemanusiaan iki jare arek-arek Blooderhood gak iso nek mlaku dewekan. Mangkane, Blooderhood gandengan tangan karo komunitas Blood for Life gawe aktif ngampanyekno lan ngajak masyarakat jembar strukture supoyo rutin donor darah.Sing paling gres lan mbois, pas tanggal 2 Mei 2026 wingi, aksi kolaborasi iki mudun langsung nang kegiatan Belajaraya Jakarta. Nang acara sing rame lan diiseni arek-arek mbois iku, tim Bones bareng Blood for Life mbukak booth bareng. Gak mung sekadar njogo stan, arek-arek iki gas pol ngenalno lan ngedukasi para audiens sing teko perkoro sepenting opo sih urgensi donor darah iku gae uripe menungso. Aksi iki sukses nggawe wong-wong melek lek donor darah iku dudu perkoro medeni, tapi perkoro dadi pahlawan gae sesama.

Cak Ferdian Kelana: Motor Utamane “Bones”
Saben pergerakan sing hebat, mesti ono jagoan sing gelem repot dadi motor utamane. Lah, ring Banom Blooderhood iki, sosok sing gak kesel-kesel ngobrak-ngobrak lan ngrumat organisasi ini yoiku Cak Ferdian Kelana. Wong-wong biasane nyebut tim inti utawa penggerak Blooderhood iki mbois-mboisan karo singkatan Bones (Blooderhood Network & Social System).
Cak Ferdian iku asli Arek Medokan Ayu, Surabaya. Wong lanang sing kondang grapyak iki yo mulyane Alumni SMA 20 Surabaya lan nerusno kuliah sampek lulus dadi Alumni STIKOM Surabaya.
Koyo dene perantau liyane sing nggowo bonek (bondo nekat) lan tekad sing makantar-kantar, Cak Ferdian budal merantau nang Jakarta. Senajan sedino-dino golek urip ring kejem-e ibu kota, jowo-ne lan Suroboyoan-e gak ilang. Liwat tangane Cak Ferdian karo arek-arek Bones liyane, Blooderhood saiki panggah konsisten dadi “pabrik” kemanusiaan ring jero keluarga besar Surabaya Community.
Mangkane, gak usah kakehan jaim. Nek awakmu ngaku Arek SC lan duwe getih Suroboyo, ayo bareng-bareng nyengkuyung Blooderhood. Nulung sesama, donor darah rutin, mergo sak bener-benef dulur iku sing gelem repot pas liyane butuh bantuan!
Blooderhood… Bones… Seduluran Sampek Matek!

